Jumat, 29 Juni 2012

aku nepsu......!

thul.....!!
elingo kowe kuwi sopo ?

thul.....!!
elingo kowe keturunanane sopo ?

mbahmu kakung lor karo kidul kuwi senengane main ro medok,

bapakmu kuwi tahu demeni bojone wong, isih seneng main kertu karo adu jago, calo pisan

lekmu ngetengi anak e tonggo ra tanggung jawab,

lekmu meneh jokobodo, main kertu, demeni bojone tonggo, seneng nyacat wong liyo( opo meneh bojone )

lekmu sing siji seneng e ngunggulake pribadine dewe (yen kumpul podo konco ra popo, yen kumpul ro wong lagi tepung rasamu piye ? ), tahu mendem, main kertu, gayane koyo wong suci,
aku ra sugih gunem dadi wong ngiro pokal sing durung tak lakoni koyo nyoto tahu tak lakoni !

thul....thul...!! untunge kowe sobo masjid mulang ngaji rodo isoh nutupi bobroke keluargamu ?
ojo sok suci !
yen tak njlentrehke okeh.....

kie aku nepsu tenan.....!!

Rabu, 06 Juni 2012

nyawiji

karasa aku wus nate tepung lan rumaket,
watara ing kalanggengan sak durunge aku lahir,
yen nora watara sak wus aku tilar,
uga ing ngarasa aku wus nate rumaket lan nyawiji,
watara ing kalanggengan sak durunge kalahir,
yen nora sak wus aku tilar