Kamis, 11 Oktober 2012

JENGAH

bisikan nurani membelai hati,
untuk selalu tetap bernyanyi,
walaupun tak dapat lagi kunikmati,

jengah aku dan tlah jua lelah,
meski hanya untuk maju selangkah,
karena sudah terlalu payah,

ku datang hanya 'tuk mengisi ruang,
agar mereka riang dan senang,
sampai bayangku menghilang,

desah sengau tetap kucoba bergurau,
meski suaraku telah parau,
dan hingga nafasku tinggal desau,

aku bintang ditengah malam,
yang bersinar namun kelam,
dan nampak berwarna kusam,

meski riuh namun kutetap sepi,
bersama-sama waktu yang tlah terlalui,
ingin kukembali menepi dialam sunyi,
karena kumerasa telah mati suri 

Kamis, 13 September 2012

ANI MURDYANINGSIH

ngaturaken wilujeng ratri
mring sang rANI
ngaturaken wilujeng ndalu
mring sang kalbu

taman santun bale wisma
karya KARDIne janma winasis
linambaran galih yekti MURNI
anglamlami sinawang katon edi
tetuwuh sekar arum ndalu
tirta sendang wening siniram
kaaras tan bisa owah
sanadyan amung sajangkah
nora bakal lali
kapara angreridu ati
kinarya mring maharANI
karipta margi berkahe haMURti
piniji DYAh heNING SIH

Sabtu, 01 September 2012

ANI MURDYANINGSIH

taman santun bale wisma
karya KARDIne janma winasis
linambaran galih yekti MURNI
anglamlami sinawang katon edi

tetuwuh sekar arum ndalu
wening tirta sendang siniram
kaaras tan bisa owah
sanadyan amung sajangkah
nora bakal lali
kapara ngreridu ati
kinarya mring sang maharANI
karipta berkahe haMURTI DYAh heNING SIH

Jumat, 29 Juni 2012

aku nepsu......!

thul.....!!
elingo kowe kuwi sopo ?

thul.....!!
elingo kowe keturunanane sopo ?

mbahmu kakung lor karo kidul kuwi senengane main ro medok,

bapakmu kuwi tahu demeni bojone wong, isih seneng main kertu karo adu jago, calo pisan

lekmu ngetengi anak e tonggo ra tanggung jawab,

lekmu meneh jokobodo, main kertu, demeni bojone tonggo, seneng nyacat wong liyo( opo meneh bojone )

lekmu sing siji seneng e ngunggulake pribadine dewe (yen kumpul podo konco ra popo, yen kumpul ro wong lagi tepung rasamu piye ? ), tahu mendem, main kertu, gayane koyo wong suci,
aku ra sugih gunem dadi wong ngiro pokal sing durung tak lakoni koyo nyoto tahu tak lakoni !

thul....thul...!! untunge kowe sobo masjid mulang ngaji rodo isoh nutupi bobroke keluargamu ?
ojo sok suci !
yen tak njlentrehke okeh.....

kie aku nepsu tenan.....!!

Rabu, 06 Juni 2012

nyawiji

karasa aku wus nate tepung lan rumaket,
watara ing kalanggengan sak durunge aku lahir,
yen nora watara sak wus aku tilar,
uga ing ngarasa aku wus nate rumaket lan nyawiji,
watara ing kalanggengan sak durunge kalahir,
yen nora sak wus aku tilar

Senin, 23 April 2012

weruh

winih wanuh nemah tuwuh,
tetuwuhe ngremboko uwoh ewuh,
pakewuh nadyan demen weruh,
lega legane lamun kaweruh,
tumrecep kadyo ketiban warih,
tirtaning wening tuge batih,
ngarih-arih antuk kardine karya,
kinaryo mbombong aneng rasa,
ngarasa aras arum puspo,
sekare habeBUNGAH pinongko pangASTUTI

Sabtu, 24 Maret 2012

sarung jagung

kingkin angrerimang rinonce
sinangsayeng datan ludang
malah kepara ngombro-ombro
rineksa suka kapanggih suwala
sepi sepa kalangkung suwung
sawung  galih sawung driya
sarung jagung nora bisa nanggung

Minggu, 26 Februari 2012





GEGANTILAN ning ATI

taman sari karang menang
kayom witing jambe yo witing PUCANG
hayom hayem karem sinawang
katon wening tirtane SENDANG
nora lamis iku kang sayekti
lencir nora gingsir karo lathi
pancen edhi anglamlami
ngatonake kaMULYANe nagari
kinaryone pra winasis
karsa SOWAN mring gusti
uga karana tansah marTObat

beBUNGAHe karana pangASTUTI

Selasa, 07 Februari 2012

WUYUNG

nalika katresnan wus mrasuk
nora karasa kadyo mabuk
aduh yayi pepujaning ati
leganono mring wak mami

Kamis, 26 Januari 2012

WIWIN ASTUTI
bungah-bungahe  yen antuk beBUNGAH
memujine pikyantuk pangASTUTI saka kang bahureksa jagad
mugi ALLAH kersa paring....

Minggu, 22 Januari 2012

PANJANGKAMU
angalangut lamun sinawang sayekti
nora karasa wus pirang-pirang warsa
lumaku ing pestine karepMU
titah amung janma sawantah
tan owah sanadyan polah
tinandur becik nora kawistara
tuwuh olo kadawa-dawa
karana rewang karsane ilang
karana lathi tresnane suri
tumrecep driya tumetesing mbun
tumibo karoning kawit jambe
arum sekar kembange pucang
bebungahe aneng njeron kalbu
lamun weruh tan wani ngunduh
mugi Hyang Widi kersa paring pituduh

maharANI haMURti DYAh heNING SIH
KARDI wuragil pamungkase karya